budaya
Nasional
Puisi Jawa Atau Geguritan : Eklas
Eklas
Dening: WD Lestari
Linambaring sedya kang katutup krana pisuwunan kang tanpa ana dununge
Dununge amung tekan seprene, bisaku apa?
Tanpa ana welas lan amung manah kang gedhene lelara
Sawijine marga kang tansah ana lan kudu tumancep amung Eklas
Tegese mung winates tekan ati tanpa jlentrehe lumantar tutur
Siji mbaka siji eklas
Kabotan saka panyangga tan kuwat nampa pasrahake mring Gusti
Nduweni Gusti, kabeh sejatine
Mula ta mula, kang becik anggone nepungi diri lan Gusti
Enggal katata lan saya katata lelakon urip kang kalaku
Aja sok nyalahake liyan.
Penulis : Wahyu Dwi Lestari,S.Pd.
Via
budaya
Post a Comment